"ngapak" language edition.
Mbiyen pas esih sekolah basa korea nang indo, sering banget krungu sing jenengane kimchi, nang soal ulangan mesti metu si... 'kimchirel mandel goissemnida' artine pikir dewek lah ya! jerene si kue panganan khas'e wong korea, la wong tau ngerti bentuke ora mung krungu-krungu tok, tak kirane ya semacam goreng-goreng'an kaya mendoan apa gethuk goreng ujarku, dadi ktone enak luh...hehee...
Nah pas agi nang pesawat maring korea, ger ora salah numpak Asiana Airlines, iya Asiana Airlines, nang pesawat kue dadi menune panganan korea kabeh, lah sing enak si apa? ngerti panganan korea be ora, ya melu2 batire tok sidane pada pesen Bibimbap! panganan apa kue? la ya mbuh ra ngerti mong anu melu2 tok dr pada bingung...jebule apa? malah isine sayur2an tok...nah nang kne kye q pertama mangan sing jenengane kimchi, sing tek kira gorengan malah sayuran....jannnn.....semacam Slobor/Sawi Putih! njajal nyicipi... lah rasane babarblas ora enak2 ka...pait-pait kecut...
Haaaa,,,,wis ora tek pangan mlukok ngko palah! barang wis nang korea ne malah mlarah2 sing jenengane kimchi, masa kon mangan kimchi maning kye? halah jan...... tp nang kne rasane beda,ya luwih mending sitik lah kecut'e luwih akeh dr pd sing nang pesawat nu wis mambu kayane... tapi intine ya tetep ora enak... tp genah kon kprwe maning,anane genah kya kue gelem ora gelem ya tek pangan dr pd kencoten, nganti tekan siki nu wis kbiasaan mbok si, nang ilat ddi ra kaget... tp wong korea mangane kya kue malah pd ayu karo ngganteng2 yah? heran...haha!
Selanjute ya kue Soju udu suju (super junior)...
apa soju? soju kue minuman khas'e wong korea, tp mabok'i ddi semacam miras lah...nah pertama q njajal nginum kye nu di prentah nang bosku, mong sekang ambune bae wis ra enak kya ngapa rasane? mambu obat suntik ekae lah...ya wong di peksa kon kprwe maning? njajal....Glekkkkk....
Whuoooooo...uwis lah ora maning2, langsung ora doyan mangan q...Haaaa...
tp ya tetep ana sing doyan bae koh, ilate wong beda2 si ya? apa maning wong sing wis ahli mabok, jannnn....nyoju teruzzzz.....